Minggu, 10 Juli 2011

ngelmu pring

Pring reketeg

gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

pring padha pring
eling padha eling
eling dhirine
eling pepadhane
eling patine
eling Gustine

Pring iku deling
tegese kendel lan eling
Pring padha pring
eling padha eling

Pring iku suket
dhuwur tur jejeg

Pring reketeg
gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

Pring ori, urip iku mati
Pring apus, urip iku lampus
Pring petung, urip iku suwung
Pring wuluh, urip iku tuwuh
Pring cendani, urip iku wani
Pring kuning, urip iku eling

Pring padha pring
Eling padha eling
Eling dirine
Eling pepadhane
Eling pathine
Eling gustine
Pring iku mung suket

Ning kabeh asale seko saka pring
kepang asale seko pring
Sajen asale pring
Lincak asale pring
Pager asale pring
Usuk asale pring
Cagak asale pring
Gedhek asale pring
Tampar asale pring
Kalo asale pring
Tempah asale pring
Serok asale pring
Tenggok asale pring
Tepas asale pring
Pikulan asale pring
Walesan pancing asale pring
Jangan bung asale pring
Bunthel genbus asale pring

Wong urip asale pring
Uripe kudu eling

Matine digothong nganggo pring
Muleh asale ing ngisor pring

pring padha pring
eling padha eling
eling dhirine
eling pepadhane
eling patine
eling Gustine

Pring iku mung suket

Nanging gunane akeh bangeth

yaiku jenenge ngelmu pring
dadia kaya pring
prasaja ora duwe apa-apa
ning merga ora duwe apa-apa
bakal bisa dadi apa-apa
kaya pring

Pring reketeg

gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

susune sopo sing menthe-mentheg
susune pring

bokonge sapa sing megal megol
bokonge pring

pring susu pring bokong
pring iku ibu sing momong

Pring reketeg
gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

ora gampang tugel merga melur
pring kena dienggo mikul

barang sing abot
pikulen bot repoting uripmu

nganggo pring tegese, aja kaku uripmu

melura, pasraha, baumu
bakal bisa nyangga kabeh sanggane uripmu

Pring reketeg
gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

Pring iku gampang tuwuh
lemahe bera lemahe subur
mangsane garing mangsane rendheng
pring iku terus modot
nyuwara kemresek lan kemlethek
pucuke mbedhah clumpringe
kang mbebed lan wuled
ing mbengi pinuju sepi

swarane kemrenyes merak ati :
aja nggresula aja sedhih
dudu kowe ning Gusti
sing bakal nuwuhake, nggedhekake,

nyempulurake uripmu tanpa kowe ngerti
ngerti-ngerti kowe wis ketiban rejeki
cukup sandhang cukup pangan mukti pakarti

Pring reketeg
gunung gamping jebol
susu mentheg-mentheg
bokong gedhe megal-megol

njerone pring iku bolong tanpa isi
nanging bolong iku ngemu isi
yaiki sejatining ngelmu pring :
golekana isine wuluh wung wang
dadio isi sajroning suwung

pring padha pring
eling padha eling
eling dhirine
eling pepadhane
eling patine
eling Gustine

disalin sepenuhnya dengan kesadaran penuh dari Air Kata-Kata Sindhunata